Sabtu, 23 Maret 2013

contoh sesorah kelas 9


Nama : Rahma Fitri Pawitasari
Kelas : 9C
No Absen : 23

Assalamualaikum.Wr.Wb
Ingkang kulo khormati Bapak kepala sekolah SMP Negeri 3 Ngayogyakarta Bapak ibu guru ingkang kulo hormati lan pra kanca-kanca ingkang kulo tresnani. Sumangga .
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.
                        Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.
                    Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
Mgi-mugi kita langkung remaja putri saged nyontoh tansah Ibu kita kartini ingkang menawa wanita sopan santun. Atur panuwun saha nyuwun pangampunten mbok bilih kekirangan ngenipun nyosi pangertosan
Wassalamualaikum.Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar